Angger kiye, asli jajanan khas Tegal. Jenenge tahu pletok, rada beda karo tahu aci biasa. Nggawene saka tahu kuning sing diiris tipis-tipis dadi amba ... terus nduwure dingehi aci sing wis dibumboni. Terus digoreng nang minyak panas kerendem. Nah ... pas digoreng kowe tahune moni pletok-pletok, mugane diarani tahu pletok....Paling enak mangan tahu pletok sore-sore sambi moci, karo didudul maring tengis pedes ditambah kecap. Wuah ... pokoke enak nemen sung ! Golet tahu pletok gampang-gampang angel. Soale, ora kabeh bakul tahu aci goreng ngedol tahu pletok. Tapi biasane nang alun-alun karo nang stanplat akeh sing ngedol tahu pletok. Tapi ati-ati, nggolet sing resik ya ... !
Tidak ada komentar:
Posting Komentar