Rabu, 07 Oktober 2009

RESTO APUNG

Paling anyar nang PAI Tegal saiki, ana warung mangan ujude kapal. Apik ya ? Pasti durung tahu njajal oya ? Mugane, sapa sing durung weruh, gagian maring PAI. Pisan-pisan mangan njero kapal tapi jebule kapale ora mangkat, tapi tetp bisa nyawang laut kayong enak nemen ya ? Gagian pada balik ... !

Senin, 05 Oktober 2009

PANTAI ALAM INDAH

Pantai Alam Indah Tegal biasane wong Tegal nyebute PAI, kuwe obyek wisata pantei. PAI rame nemen tiap Sabtu karo Minggu. Awit subuh akeh wong wis anjog PAI pada olah raga atawa adus nang laut. Biasane wong-wong padalah raga, saentese kuwe pada mangan.

Kabel nakul panganan khas Tegal ana nang PAI. Sate ayam margasari, kupat glabed randugunting, kupat glabed margasari, tahu aci, tahu pletok, sega lengko, karo teh poci kabeh ana.
Pengen weruh PAI saiki ? Apik nemen, ana water boom (kolam renang), ana restoran nang nduwur laut, ana wisata kapal, ana saung, macem-macem wis pokoke. Coba titeni gambare, manglingi oya ? Mugane gagian balik Tegal ....

TEGAL TEMPO DOELOE


Sajeke, rasane pengen nemen weruh Tegal jaman mbiyen. Jebule gambare anane mung samono. Tapi alhamdulillah. Apik ya ... ?

KUPAT GLABED

Kupat glabed, panganan khas Tegal sing liya. Ana rong macem kupat glabet, kupat ransugunting karo kupat margadana. Kupat glabed randugunting kancane sate bukur. Kupat glabed margadana kancane sate blengong.

Mangan kupat nang Tegal biasanane dipikul angger ora didorong sore-sore karo bakule, sing mubeng Tegal. Biasane sing dipikul kupat randugunting, sing didorong biasane didorong. Nggolet upat randugunting sing didorong saiki rada angel, kakean wis didorong kabeh. Angger pan nemu nang alun-alun ngarep mesjid Agung Tegal. Angger ora nggolet bae nang njerone pasar alun-alun ngarepane stasiun, sing enak Kupat Glabed Randugunting Pak Machali. Tapi Pak Machali wis laka, sing dodolan saiki anake.

Angger pan nggolet kupat glabde margadana luwih gampang. Lunga bae maring Tegalsari, mburi SMA Negeri 2, gerobak kupat jejer-jejer akeh nemen. Dodolane sore-sore bagda ashar, nang ngiringane sawah, massya Allah ... enak nemen, sung ! Sambi nyawang sawah karo bebek riwa-riwi, mangan kupat glabed dijamin tambah manteeeep !

PEPES NDOG ASIN

Durung tahu mangan pepes ndog asin oya ? Kiyeh, delengna bae gambare. Mingini oya ? Pepes ndog asin laka sing ngedol, kudu nggawe dewek.
Pepes ndog asin nggawene saka ndog asin mentah sing dibungkus godong pisang. Sadurunge nggo' campuran bumbu-bumbu brambang karo bawang putih, rawit, tomat, karo liya-liyane, terus dikukus. Mangan pepes ndog asin karo sega panas bae wis enak emen.
Angger pengen njajal, ya kudu nggawe dewek nang omah.

RUJAK TEPLAK

Lha kiye ... panganan paling muantep ! Rujak Teplak ! Sayure komplit, ana tahu, jantung pisang, karo pare ! Sing nggawe rujak teplak sejen karo rujak liyane kuwe sambele ! Sambele nganggo campuran bodin terus disiram maning karo bumbu klapa parut sing direbus.

Nggolet rujak teplak nang Tegal sing katon mripat ana nang ngarepane toko Mitra karo toko Mira. Telung ngewu (Rp. 3.000,-) sebungkus, tapi dijamin ora nyesel, enak nemen wis pokoke. Penasaran ? Delengna bae gambare, pingin oya ?
Mangan rujak teplak, aja klalen krupuk mie-ne. Pedes sambi kriuk-kriuk, nggawe ngiler ya ?

SAUTO TEGAL

Panganan khas Tegal kiye jenenge sauto, sauto Tegal. Ujude pancen mirip soto umume, bedane, sauto Tegal ditambahi tauco, mugane jenenge suato. Mangan sauto bisa nggo' lontong, bisa nggo' sega. Tambahi sambel kecap sing pedes, dijamin maknyus !!!

Mangan sauto Tegal sing enak akeh nggone. Sing perek, mburine pos polisi alun-alun atawa pasar senggol. Mangan sauto enak maning sambi mangan tahu goreng karo kerupuk, wis pokoke mertua liwat ora katon ! Ana maning nggone nyoto sing enak perek pagongan. Tapi pokoke pada enake.

Piben, aja nggole duit terus. Ndang balik terus nyoto ! Nyoto, est teh manis karo tahu aci goreng, enak nemen sung ... !

TAHU PLETOK

Angger kiye, asli jajanan khas Tegal. Jenenge tahu pletok, rada beda karo tahu aci biasa. Nggawene saka tahu kuning sing diiris tipis-tipis dadi amba ... terus nduwure dingehi aci sing wis dibumboni. Terus digoreng nang minyak panas kerendem. Nah ... pas digoreng kowe tahune moni pletok-pletok, mugane diarani tahu pletok....

Paling enak mangan tahu pletok sore-sore sambi moci, karo didudul maring tengis pedes ditambah kecap. Wuah ... pokoke enak nemen sung ! Golet tahu pletok gampang-gampang angel. Soale, ora kabeh bakul tahu aci goreng ngedol tahu pletok. Tapi biasane nang alun-alun karo nang stanplat akeh sing ngedol tahu pletok. Tapi ati-ati, nggolet sing resik ya ... !

SEGA LENGKO

Panganan kiye jenenge sega lengko. Isine sega, dingehi tahu goreng diiris-iris, tambahi cambah karo rajangan timun, terus disiram bumbu kacang, kecap manis karo bawang goreng, terakhir diawuri remukan krupuk kuning.

Biasane, sega lengko nganggo sarapan bocah sekolah isuk-isuk. Ngombene, wong tegal ya ... teh poci angger ora ya es teh manis. Mangan sega lengko sing enak ukuran bocah-bocah sekolah ya ... warung kanyut, ngarepane SMA Negeri 1 Tegal, Slerok, persis nang pojokan. Penasaran, gagian maring Tegal !

Senin, 15 Juni 2009

ASLI WAGU !

Wulan mei wingi, wong sak tegal geger sebab akeh wong pada mati gara-gara ngombe bir oplosan ! Ngerti sing mati pira ? Ro likur (22) ! Asli edan oya ? Kejadian kiye, asli ngisin-ngisini wong tegal ! Kayong laka gawean, golet duit baen angel, duwe duit ora sa pira kah milih nganggo tuku bir oplosan, mati maning !

Tapi asli ... sing luwih ngisin-ngisina maning, jebule sing ngombe ora mung wong ro likur, tapi egin ana sing liya sing egin urip, terus dirawat nang rumah sakit kardinah (kayonge). Jebule, sing egin pada urip kiye ... biaya berobate dibebasaken daning walikota tegal ! Mumet oya ?

Karepe piben walikota ? Mugane, anggota dewan (DPRD II) Tegal 'mempertanyakan' kebijakan walikota sing asli ora jelas kae. Wagu beleh, wong madat ka ... dibiayai karo pemerintah, kayong laka sing luwih wagu maning apa ?

Asli ... wong tegal pancen laka-laka !