Paling anyar nang PAI Tegal saiki, ana warung mangan ujude kapal. Apik ya ? Pasti durung tahu njajal oya ? Mugane, sapa sing durung weruh, gagian maring PAI. Pisan-pisan mangan njero kapal tapi jebule kapale ora mangkat, tapi tetp bisa nyawang laut kayong enak nemen ya ? Gagian pada balik ... !
Rabu, 07 Oktober 2009
RESTO APUNG
Paling anyar nang PAI Tegal saiki, ana warung mangan ujude kapal. Apik ya ? Pasti durung tahu njajal oya ? Mugane, sapa sing durung weruh, gagian maring PAI. Pisan-pisan mangan njero kapal tapi jebule kapale ora mangkat, tapi tetp bisa nyawang laut kayong enak nemen ya ? Gagian pada balik ... !
Senin, 05 Oktober 2009
PANTAI ALAM INDAH
Pantai Alam Indah Tegal biasane wong Tegal nyebute PAI, kuwe obyek wisata pantei. PAI rame nemen tiap Sabtu karo Minggu. Awit subuh akeh wong wis anjog PAI pada olah raga atawa adus nang laut. Biasane wong-wong padalah raga, saentese kuwe pada mangan.Kabel nakul panganan khas Tegal ana nang PAI. Sate ayam margasari, kupat glabed randugunting, kupat glabed margasari, tahu aci, tahu pletok, sega lengko, karo teh poci kabeh ana.
Pengen weruh PAI saiki ? Apik nemen, ana water boom (kolam renang), ana restoran nang nduwur laut, ana wisata kapal, ana saung, macem-macem wis pokoke. Coba titeni gambare, manglingi oya ? Mugane gagian balik Tegal ....
TEGAL TEMPO DOELOE
KUPAT GLABED
Kupat glabed, panganan khas Tegal sing liya. Ana rong macem kupat glabet, kupat ransugunting karo kupat margadana. Kupat glabed randugunting kancane sate bukur. Kupat glabed margadana kancane sate blengong.Mangan kupat nang Tegal biasanane dipikul angger ora didorong sore-sore karo bakule, sing mubeng Tegal. Biasane sing dipikul kupat randugunting, sing didorong biasane didorong. Nggolet upat randugunting sing didorong saiki rada angel, kakean wis didorong kabeh. Angger pan nemu nang alun-alun ngarep mesjid Agung Tegal. Angger ora nggolet bae nang njerone pasar alun-alun ngarepane stasiun, sing enak Kupat Glabed Randugunting Pak Machali. Tapi Pak Machali wis laka, sing dodolan saiki anake.
Angger pan nggolet kupat glabde margadana luwih gampang. Lunga bae maring Tegalsari, mburi SMA Negeri 2, gerobak kupat jejer-jejer akeh nemen. Dodolane sore-sore bagda ashar, nang ngiringane sawah, massya Allah ... enak nemen, sung ! Sambi nyawang sawah karo bebek riwa-riwi, mangan kupat glabed dijamin tambah manteeeep !
PEPES NDOG ASIN
Durung tahu mangan pepes ndog asin oya ? Kiyeh, delengna bae gambare. Mingini oya ? Pepes ndog asin laka sing ngedol, kudu nggawe dewek.Pepes ndog asin nggawene saka ndog asin mentah sing dibungkus godong pisang. Sadurunge nggo' campuran bumbu-bumbu brambang karo bawang putih, rawit, tomat, karo liya-liyane, terus dikukus. Mangan pepes ndog asin karo sega panas bae wis enak emen.
Angger pengen njajal, ya kudu nggawe dewek nang omah.
RUJAK TEPLAK
Lha kiye ... panganan paling muantep ! Rujak Teplak ! Sayure komplit, ana tahu, jantung pisang, karo pare ! Sing nggawe rujak teplak sejen karo rujak liyane kuwe sambele ! Sambele nganggo campuran bodin terus disiram maning karo bumbu klapa parut sing direbus.Nggolet rujak teplak nang Tegal sing katon mripat ana nang ngarepane toko Mitra karo toko Mira. Telung ngewu (Rp. 3.000,-) sebungkus, tapi dijamin ora nyesel, enak nemen wis pokoke. Penasaran ? Delengna bae gambare, pingin oya ?
Mangan rujak teplak, aja klalen krupuk mie-ne. Pedes sambi kriuk-kriuk, nggawe ngiler ya ?
SAUTO TEGAL
Panganan khas Tegal kiye jenenge sauto, sauto Tegal. Ujude pancen mirip soto umume, bedane, sauto Tegal ditambahi tauco, mugane jenenge suato. Mangan sauto bisa nggo' lontong, bisa nggo' sega. Tambahi sambel kecap sing pedes, dijamin maknyus !!!Mangan sauto Tegal sing enak akeh nggone. Sing perek, mburine pos polisi alun-alun atawa pasar senggol. Mangan sauto enak maning sambi mangan tahu goreng karo kerupuk, wis pokoke mertua liwat ora katon ! Ana maning nggone nyoto sing enak perek pagongan. Tapi pokoke pada enake.
Piben, aja nggole duit terus. Ndang balik terus nyoto ! Nyoto, est teh manis karo tahu aci goreng, enak nemen sung ... !
Langganan:
Komentar (Atom)
